11. Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli rawuh lenggah ana ing sangisore wit elon ing Ofra, duweke Yoas bin Abiezer, dene anake lanang kang jeneng Gidheon lagi nutu gandum ana ing pamipitan anggur, murih aja konangan wong Midian.
12. Banjur diketingali dening Sang Malaekate Pangeran Yehuwah mau sarta didhawuhi: “He prawira gagah prakosa, Sang Yehuwah nunggil karo sira.”
13. Atur wangsulane Gidheon: “Adhuh Gusti, manawi saestu Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan kawula sadaya, punapaa dene kawula ngantos sami nandhang ingkang kados makaten punika sadaya? Pundi ta sakathahipun kaelokan ingkang dipun cariyosaken para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya, kala cariyos: Apa dudu sang Yehuwah kang wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir? Nanging sapunika Pangeran Yehuwah sampun negakaken dhateng kawula, sami kaulungaken dhateng ing tanganipun tiyang Midian.”
14. Sang Yehuwah tumuli mengo mirsani marang Gidheon lan ngandika: “Sira mangkata kanthi karosanira iki sarta ngluwarana wong Israel saka ing pamisesane wong Midian. Rak Ingsun kang ngutus sira?”
15. Nanging atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Adhuh Gusti, srana punapa anggen kawula badhe ngluwari tiyang Israel? Lah ta gotrah kawula punika kalebet ingkang alit piyambak saking panunggilanipun taler Manasye, sarta kawula punika sasedherek ingkang anem piyambak.”
16. Dhawuhe Sang Yehuwah marang Gidheon: “Nanging Ingsun iki bakal nunggil karo sira, mulane sira bakal nggepuk ngesorake wong Midian, nganti tapis.”
17. Atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Manawi kawula sampun manggih sih kamirahan wonten ing ngarsa Paduka, Paduka mugi karsaa paring pratandha, bilih Paduka piyambak ingkang ndhawuhi kawula.
18. Paduka mugi sampun ngantos tindak saking ngriki saderengipun kawula wangsul sowan mbekta pisungsung kawula saking griya sarta kawula ladosaken wonten ing ngarsa Paduka.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Iya, Ingsun bakal ngentosi nganti ing sabalinira.”
19. Gidheon banjur lumebu ing omahe sarta ngolah cempe siji, lan njupuk glepung sa-efa kanggo gawe roti tanpa ragi; iwake diwadhahi ing tenong lan duduhe diwadhahi ing pinggan digawa metu konjuk marang Panjenengane ana ing sangisore wit elon mau, diladosake ana ing ngarsane.
20. Sang Malaekating Allah banjur ngandika marang Gidheon: “Iwake lan rotine kang tanpa ragi iku selehna ana ing watu kene, lan duduhe esokna!” Iku iya tumuli katindakake.
21. Sang Malaekate Pangeran Yehuwah banjur ngayatake lantaran kang ana ing astane, pucuke didemokake ing iwak lan roti mau, tumuli ana geni mubal saka ing watu iku kang banjur mangsa daging lan roti mau nganti entek. Sawuse mangkono Sang Malaekate Pangeran Yehuwah musna saka ing pandelenge.
22. Ing kono Gidheon mangreti, yen iku mau Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, sarta banjur munjuk: “Adhuh, cilaka kawula, dhuh Pangeran Yehuwah, amargi kawula kok ngantos ningali aben-ajeng kaliyan Sang Malaekatipun Pangeran Yehuwah.”
23. Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Gidheon: “Tentrem rahayu anaa ing sira. Aja kuwatir, sira ora bakal mati.”