Para Hakim 4:8-23 Kitab Sutji (JAV)

8. Ature Barak marang Ibu Dhebora: “Manawi panjenengan nyarengi lampah kula, kula inggih badhe lumampah, nanging manawi panjenengan boten nyarengi, kula boten badhe lumampah.”

9. Pangandikane Ibu Dhebora: “Iya becik, aku bakal mbarengi lakumu, mung bae dudu kowe kang bakal dadi kajen ana ing lakumu saangkatan iki, amarga Sisera iku bakal diulungake Sang Yehuwah marang tangane wong wadon.” Ibu Dhebora banjur bidhal bebarengan karo Sang Barak menyang Kedesy.

10. Sang Barak tumuli nglempakake Zebulon lan Naftali ana ing Kedesy, banjur nglurug kadherekake bala wong sepuluh ewu, lan Ibu Dhebora uga tindak nyarengi pangluruge.

11. Anadene Heber, wong Keni wus pisah karo wong bani Kain, turune Hobab, ipene Nabi Musa, lan wus nancebake tarube ngolah-ngalih nganti tekan ing wit kayu elon ing Zaanaim, sacedhake Kedesy.

12. Bareng Senapati Sisera kawartanan yen Sang Barak bin Abinoam wus nglurug menyang ing pagunungan Tabor,

13. tumuli nglempakake sakehing karetane wesi sangang atus lan sakehe bala kang padha ndherek, kairid saka Haroset-Hagoyim menyang kali Kison.

14. Ing kono dhawuhe Ibu Dhebora marang Sang Barak: “Budhala, awit ing dina iki Sang Yehuwah ngulungake Sisera ing tanganmu. Pangeran Yehuwah piyambak rak wis tindak ngrumiyini lakumu!” Sang Barak banjur mandhap saka ing gunung Tabor, kadherekake balane sepuluh ewu mau.

15. Sang Yehuwah tumuli ngisruhake Sisera lan sakehing karetane tuwin sabalane kabeh ana ing ngarsane Sang Barak kalawan landheping pedhang, temah Senapati Sisera banjur mandhap saka ing karetane, keplajeng kalawan dharat.

16. Karetane perang lan balane banjur dioyak dening Sang Barak nganti tutug ing Haroset-Hagoyim; balane Sang Sisera kabeh padha nemu tiwas dening landheping pedhang, ora ana kang oncat siji-sijia.

17. Nanging Senapati Sisera anggone keplajeng kalawan dharat mau menyang ing kemahe Ibu Yael, garwane Sang Heber, wong Keni, amarga Prabu Yabin, ratu ing Hasor iku rukun karo kulawangsane Sang Heber, wong Keni mau.

18. Ibu Yael banjur metu mapagake Sang Sisera sarta matur: “Bendara, panjenengan kula aturi mampir lumebet, sampun kuwatos.” Senapati Sisera tumuli mampir lumebet, banjur disingebi kamli.

19. Panjenengane banjur ngandika: “Bok kula panjenengan paringi ngombe toya sakedhik, awit kula ngelak sanget.” Ibu Yael banjur mbukak impes isi puwan, Sang Sisera diaturi ngunjuk, banjur disingebi maneh.

20. Senapati Sisera ngandika maneh marang Ibu Yael: “Panjenengan kula aturi nengga korining kemah lan manawi wonten tiyang dhateng pitaken: Ing ngriki punapa wonten tiyang, panjenengan wangsuli: Boten wonten.”

21. Nanging Ibu Yael, garwane Sang Heber mau mendhet pathoking kemah sarta nyepeng palu, tumuli alon-alon nyelaki Senapati Sisera, pathok mau dianjingake ing pilingane nganti tembus tumanceb ing bumi, amarga Sang Sisera lagi sare kepati, sarta sayah temah dadi lan sedane.

22. Ing wektu semana Sang Barak kang ngoyak-oyak Sang Sisera banjur rawuh. Ibu Yael tumuli medal methukake Barak lan diaturi: “Sumangga panjenengan kula tedahi tiyang ingkang panjenengan oyak.” Sang Barak banjur lumebet ing panggonane, lah Sang Sisera gumuling wus seda, pathoke isih tumanceb ing pilingane.

23. Kaya mangkono anggone Gusti Allah ing dina iku nelukake Sang Prabu Yabin, ratu ing Kanaan ana ing sangarepe wong Israel.

Para Hakim 4