3. Wong Israel banjur padha sesambat marang Sang Yehuwah, amarga panjenengane mau kagungan kereta perang wesi nganti sangang atus, sarta rong puluh taun lawase anggone nindhes wong Israel klawan keras.
4. Ing wektu semana kang ngakimi wong Israel Ibu Dhebora, nabi wanita garwane Sang Lapidot.
5. Ibu Dhebora iku saben-saben lenggah ana ing sangisore wit kurma Dhebora, ing antarane Rama lan Betel, ing pagunungan Efraim, lan wong Israel banjur padha sowan marang ing ngarsane prelu nyuwun pangadilan.
6. Ibu Dhebora utusan nimbali Sang Barak bin Abinoam saka ing Kedesy ing wewengkon Naftali, nuli dipangandikani: “Apa kowe ora didhawuhi Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel: Sira lungaa nglurug menyang ing gunung Tabor nggawa bala sepuluh ewu panunggalane wong bani Naftali lan wong bani Zebulon.
7. Lan Ingsun bakal ngosikake atine Sisera, senapatine Yabin, supaya methukna marang sira karo keretane perang lan sabalane kabeh ana ing lebake kali Kison, nuli bakal Sunulungake ing tanganira.”
8. Ature Barak marang Ibu Dhebora: “Manawi panjenengan nyarengi lampah kula, kula inggih badhe lumampah, nanging manawi panjenengan boten nyarengi, kula boten badhe lumampah.”
9. Pangandikane Ibu Dhebora: “Iya becik, aku bakal mbarengi lakumu, mung bae dudu kowe kang bakal dadi kajen ana ing lakumu saangkatan iki, amarga Sisera iku bakal diulungake Sang Yehuwah marang tangane wong wadon.” Ibu Dhebora banjur bidhal bebarengan karo Sang Barak menyang Kedesy.
10. Sang Barak tumuli nglempakake Zebulon lan Naftali ana ing Kedesy, banjur nglurug kadherekake bala wong sepuluh ewu, lan Ibu Dhebora uga tindak nyarengi pangluruge.
11. Anadene Heber, wong Keni wus pisah karo wong bani Kain, turune Hobab, ipene Nabi Musa, lan wus nancebake tarube ngolah-ngalih nganti tekan ing wit kayu elon ing Zaanaim, sacedhake Kedesy.