Pangandikane Sang Ehud marang wong-wong mau: “Padha melua aku, amarga Sang Yehuwah wus ngulungake mungsuhmu, wong Moab iku marang ing tanganmu.” Wong-wong mau tumuli padha ndherek nglurug sarta padha bisa ngrebut pasabrangane bengawan Yarden, kang menyang ing tanah Moab, tuwin banjur nyegat aja ana wong kang nyabrang.