1. Iki pratelane bangsa-bangsa kang dilestarekake manggon dening sang Yehuwah prelu diagem nyoba marang Israel, yaiku sakehe wong Israel kang padha ora sumurup marang perang ing tanah Kanaan.
2. Iku mung supaya turune wong Israel kang durung tau ngalami perang kaya kang uwis-uwis, padha dilatih perang dening Sang Yehuwah.
3. Kang isih yaiku ratu kutha lelima ing tanah Filisti lan sakehe wong Kanaan, wong Sidon tuwin wong Hewi kang padha ngenggoni pagunungan Libanon, wiwit ing gunung Baal-Hermon tutug ing dalan kang menyang ing Hamat.
4. Iku kang padha ana ing kono, prelu diagem dening Panjenengane kagem nyoba marang wong Israel, apa padha ngestokake pepakene Sang Yehuwah kang wus didhawuhake marang para leluhure lumantar Nabi Musa.
5. Kaya mangkono dadine wong Israel padha manggon awor karo bangsa Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.
6. Wong Israel padha ngalap anake wadon dadi bojone lan anake wadon padha diolehake karo anake lanang wong-wong iku, sarta padha ngabekti marang para allahe wong-wong iku.
7. Wong Israel padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah lan padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera.
8. Bebendune Sang Yehuwah temah mulad-mulad marang wong Israel, wong-wong iku banjur dipasrahake marang Sang Prabu Kusyan-Risyataim, ratu ing Aram-Mesopotamia, tuwin wong Israel nuli padha ngawula marang Sang Prabu Kusyan-Risyataim mau wolung taun lawase.
9. Wong Israel nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli maringi juru pangluwaran, yaiku Sang Otniel, putrane Sang Kenas, rayine Rama Kaleb.
10. Iku kaayoman ing Rohe Sang Yehuwah sarta dadi hakime wong Israel. Panjenengane majeng perang, Sang Yehuwah nuli ngulungake Prabu Kusyan-Risyataim, ratu ing Aram mau ing astane, temah Sang Prabu Kusyan-Risyataim kawon.