22. Saupama bapakne utawa sadulure prawan mau padha njaluk adil marang aku, tumuli bakal padha dakkandhani: Bok iku padha wenehna marang aku kalawan lega-lila ta, amarga ing sajroning perang kita ora bisa nyekel wong wadon minangka jodhone, rak dudu kowe kang ngwenehake prawan-prawan iku marang wong-wong iku; sabab manawa mangkono, kowe padha kaluputan.”
23. Bani Benyamin dadine padha nglakoni mangkono; padha oleh bojo miturut ananing cacahe, kang karampas saka panunggalane prawan kang padha jejogedan; tumuli padha bali menyang ing tanah-pusakane lan kuthane padha dibangun maneh lan dienggoni.
24. Ing wektu samana wong Israel banjur padha budhalan saka ing kono, padha mulih sowang-sowangan menyang ing wewengkoning talere lan gotrahe dhewe-dhewe; dadine padha budhalan saka ing kono menyang ing tanah-pusakane.
25. Dhek jaman samana ing Israel ora ana ratune; angger wong nindakake apa kang dianggep bener manut panemune dhewe.