6. Sareng makaten mayitipun selir kula wau lajeng kula pendhet, kula tengkel-tengkel sarta kula kintunaken dhateng ing jajahaning tanah-pusakanipun tiyang Israel sadaya, amargi ingkang dipun tindakaken wonten ing satengahipun tiyang Israel punika pratingkah resah saha dados pangewan-ewan.
7. Lah sapunika panjenengan tiyang Israel sadaya sampun sami wonten ngriki, sumangga sami karsaa paring pirembag lan pamrayogi.”
8. Sagolongane wong kabeh banjur padha saiyeg tumandang, pangucape: “Panunggalan kita siji bae ora ana kang mulih menyang kemahe, siji bae ora ana kang bali menyang ing omahe.
9. Iki kang arep kita tandukake marang wong Gibea: Kita perangi kalawan mbuwang undhi!
10. Aku padha milih saka sakehing talere Israel iku saben wong satus padha dakjupuk wong sapuluh, saben wong sewu: satus, saben sepuluh ewu wong sewu, iku diwajibake njupukake sangu kanggo wadya-bala iki; sawuse iku padha teka, nuli bisa males marang Gibea-Benyamin kang laras karo sakehe panggawene panyenyamah kang wus dilakoni ana ing satengahe wong Israel.”