Para Hakim 20:10-13 Kitab Sutji (JAV)

10. Aku padha milih saka sakehing talere Israel iku saben wong satus padha dakjupuk wong sapuluh, saben wong sewu: satus, saben sepuluh ewu wong sewu, iku diwajibake njupukake sangu kanggo wadya-bala iki; sawuse iku padha teka, nuli bisa males marang Gibea-Benyamin kang laras karo sakehe panggawene panyenyamah kang wus dilakoni ana ing satengahe wong Israel.”

11. Mangkono dadine sakehe wong lanang ing Israel padha nglumpuk sumedya nglawan kutha iku, kabeh padha saiyeg manunggal budi.

12. Para talere Israel tumuli nyebar kongkonan menyang ing saindenging tlatahe taler Benyamin kalawan wineling supaya pratela: “Kadursilan apa kang kelakon ana ing tengah-tengahmu iki?

13. Mulane saiki, mara wong kang tumindak dursila ana ing Gibea iku padha ulungna, arep padha dakukum pati, supaya kadursilan iku kasirnakna saka ing satengahe wong Israel!” Nanging wong Benyamin ora maelu marang pituture para sadulure wong Israel.

Para Hakim 20