4. Bareng Sang Malaekating Yehuwah mau wus ngandika mangkono marang wong Israel kabeh, wong-wong iku tumuli padha nangis sora.
5. Mulane panggonan iku diarani Bokhim. Wong-wong mau banjur padha nyaosake kurban marang Sang Yehuwah ana ing kono.
6. Sawuse Senapati Yusak nglilani mundur wong Israel banjur padha mangkat siji-sijine menyang ing tanah-pusakane, lan padha ngebeki nagara kono.
7. Anadene bangsa mau tetep padha ngabekti marang Sang Yehuwah salawase sugenge Senapati Yusak lan salawase sugenge para sesepuh kang isih kasambungan yuswane nganti sapengkere Senapati Yusak, lan kang padha menangi sakehing kaelokane Sang Yehuwah kang ditandukake marang Israel.
8. Lan Senapati Yusak bin Nun, abdine Sang Yehuwah iku seda, yuswane satus sepuluh taun,
9. banjur disarekake ana ing tanah pusakane Timnat-Heres, ing pagunungan Efraim, salore gunung Gaas.
10. Kacarita bareng wong sabarakane iku kabeh wus padha kaklumpukake karo para leluhure, banjur tuwuh golongan liyane, kang ora wanuh marang Sang Yehuwah lan ora ngreti bab apa kang katandukake dening Panjenengane marang wong Israel.