3. Ingsun malah uga wus ngandika: Wong iku bakal padha ora Suntundhungi saka ing ngarepanira, malah iku bakal padha dadi mungsuhira sarta sakehing allahe bakal padha dadi kalajiret tumrap sira.”
4. Bareng Sang Malaekating Yehuwah mau wus ngandika mangkono marang wong Israel kabeh, wong-wong iku tumuli padha nangis sora.
5. Mulane panggonan iku diarani Bokhim. Wong-wong mau banjur padha nyaosake kurban marang Sang Yehuwah ana ing kono.