Para Hakim 2:20-23 Kitab Sutji (JAV)

20. Manawa bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, pangandikane mangkene: “Sarehne bangsa iki nerak prasetyaningSun, kang wus Sundhawuhake marang para leluhure, lan padha ora nggatekake marang dhawuhingSun,

21. mulane Ingsun ora karsa nglajengake nundhungi bangsa siji-sijia saka ing ngarepane, kang isih dikarekake dening Yusak nalika matine,

22. supaya bangsa-bangsa iku kena Sunagem nyoba wong Israel, apa bakal padha lestari ngambah ing dalan pitedahe Sang Yehuwah kayadene para leluhure apa ora.”

23. Mangkono dadine bangsa-bangsa iku mau padha dilestarekake manggon dening Sang Yehuwah lan ora enggal ditundhungi lunga, sarta ora diulungake marang tangane Sanapati Yusak.

Para Hakim 2