6. Wangsulane imam iku marang wong-wong mau: “Sami kula aturi tindak kanthi tentrem rahayu! Ayahan ingkang panjenengan lampahi punika sae wonten ing paningalipun sang Yehuwah.”
7. Wong lima mau banjur padha mangkat, nuli padha tekan ing Lais. Rakyat kang ana ing kono katon tentrem uripe, miturut adate wong ing Sidon, tentrem lan ayem. Wong iku ora padha kekurangan apa-apa ing bab apa kang ana ing salumahing bumi, malah padha sugih dhuwit. Pamanggone adoh karo wong ing Sidon lan padha ora sesrawungan karo sapa bae.
8. Wong kang padha nelik mau saulihe marang para sadulure tunggal taler ing Zora lan ing Esytaol, banjur ditakoni dening para sadulure mau: “Apa kang koktrenjuhi ana ing kana?”
9. Wangsulane: “Padha samektaa, payo padha mangsah nglurug mrana, amarga aku wus padha ndeleng nagara iku, pancen apik banget. Genea kowe padha meneng bae? Aja padha aras-arasen nglurug ngejegi lan ngebeki nagara iku!