16. Ing nalika iku wong nem atus panunggalane bani Dhan kang sikep gegaman mau padha mandheg ana ing regol;
17. dene wong lima kang maune lunga nelik tanah iku padha nerusake lakune lan lumebu sarta njupuki recane ukir-ukiran, efode, terafime lan recane cor-coran. Dene imame ngadeg ana ing regol awor karo wong nem atus kang sikep gegaman mau.
18. Nanging, bareng wong mau wus padha lumebu ing omahe Mikha sarta njupuki reca ukir-ukiran, efod, terafim lan recane cor-coran, imam mau banjur ngaruh-aruhi: “Padha ngapa kowe iku?”
19. Wangsulane wong-wong iku marang imam mau: “Wis cep menenga, mingkema, melua aku lan dadia bapak lan imamku kabeh. Endi sing kok pilih: ngimami omahe wong siji, apa ngimami wong sataler, iya sagotrah ing satengahe wong Israel?”
20. Imam mau seneng atine, njupuki efod, terafim tuwin recane ukir-ukiran, banjur melu lumaku ana ing satengahe wong akeh.
21. Wong-wong iku tumuli padha minger mbanjurake lakune, bocah-bocah lan raja-kaya apadene barang-barnag kang pangaji dilakokake ana ing ngarep.
22. Bareng wus kepara adoh saka ing omahe Mikha, wong kang manggon ana ing sacedhake omahe Mikha padha kaklumpukake, nututi bani Dhan.
23. Wong-wong mau padha nyeluki bani Dhan, mulane bani Dhan banjur padha nolih sarta ngucap marang Mikha: “Ana apa kowe kok padha krompolan mangkono?” Nuli diwangsuli:
24. “Lah wong kowe padha njupuki allahku olehku gawe, dalah imame, nuli kowe padha lunga. Aku iki kari duwe apa maneh? Kapriye dene aku kokuneni: Ana apa kowe iku?
25. Wong bani Dhan tumuli padha mangsuli: “Aja nganti aku padha krungu swaramu, supaya aja nganti ana wong kang gregeten nuli padha nempuh marang kowe, temah kowe kelangan nyawamu dalah nyawane saisining omahmu.”
26. Bani Dhan banjur padha nutugake lakune, dene Mikha sarehne ngreti, yen kana luwih kuwat katimbang karo dheweke, mulane banjur bali mulih.
27. Bani Dhan iku klawan nggawa barang gegaweane Mikha dalah imame, tumuli padha tekan ing Lais, kang dienggoni rakyat kang ayem tentrem uripe. Rakyat iku ditumpes klawan landheping pedhang sarta kuthane diobong.
28. Ora ana wong teka nulungi, marga panggonane adoh saka ing Sidon lan ora sesrawungan karo sapa-sapaa. Prenahe kutha iku ana ing lebak Bet-Rehob. Sawuse mangkono, kuthane banjur dibangun maneh lan dienggoni.
29. Kuthane nuli dielih arane dadi Dhan, miturut asmane leluhure, yaiku Rama Dhan, putrane Rama Israel, nanging kutha iku maune aran Lais.