12. Banjur padha mangkat lan tumuli makuwon ana ing sacedhake. Kiryat-Yearim ing tanah Yehuda. Mulane panggonan kono iku nganti saprene karan Mahane-Dhan; prenahe ana ing sakulone Kiryat-Yearim.
13. Saka ing kono terus baris menyang ing pagunungan Efraim lan padha tekan ing omahe Mikha.
14. Wong lima kang maune lunga nelik tanah ing Lais iku banjur padha kandha marang para sadulure, tembunge: “Apa kowe padha sumurup, yen ing omah-omah kene ana efode lan terafime, apadene reca ukir-ukiran lan reca cor-coran? Lah saiki kowe padha ngretia temenan apa kang bakal koklakoni!”
15. Banjur padha mampir nekani omahe wong nom suku Lewi iku ing omahe Mikha sarta padha takon kaslametane.
16. Ing nalika iku wong nem atus panunggalane bani Dhan kang sikep gegaman mau padha mandheg ana ing regol;
17. dene wong lima kang maune lunga nelik tanah iku padha nerusake lakune lan lumebu sarta njupuki recane ukir-ukiran, efode, terafime lan recane cor-coran. Dene imame ngadeg ana ing regol awor karo wong nem atus kang sikep gegaman mau.
18. Nanging, bareng wong mau wus padha lumebu ing omahe Mikha sarta njupuki reca ukir-ukiran, efod, terafim lan recane cor-coran, imam mau banjur ngaruh-aruhi: “Padha ngapa kowe iku?”
19. Wangsulane wong-wong iku marang imam mau: “Wis cep menenga, mingkema, melua aku lan dadia bapak lan imamku kabeh. Endi sing kok pilih: ngimami omahe wong siji, apa ngimami wong sataler, iya sagotrah ing satengahe wong Israel?”
20. Imam mau seneng atine, njupuki efod, terafim tuwin recane ukir-ukiran, banjur melu lumaku ana ing satengahe wong akeh.
21. Wong-wong iku tumuli padha minger mbanjurake lakune, bocah-bocah lan raja-kaya apadene barang-barnag kang pangaji dilakokake ana ing ngarep.
22. Bareng wus kepara adoh saka ing omahe Mikha, wong kang manggon ana ing sacedhake omahe Mikha padha kaklumpukake, nututi bani Dhan.