Para Hakim 17:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Nanging dhuwit iku dibalekake marang ibune, wong wadon iku nuli njupuk dhuwite selaka rong atus lan kawenehake marang tukang selaka; dhuwit iku kagawe reca ukir-ukiran lan cor-coran kang banjur diprenahake ana ing omahe Mikha.

5. Mikha iku duwe omah brahala. Banjur digawekake efod lan terafim; salah sawijining anake lanang didadekake imam.

6. Ing nalika samana ing Israel ora ana ratune, angger wong nindakake apa kang dianggep bener miturut wawasane.

7. Ana sawijining wong anom saka ing Betlehem-Yehuda, saka taler Yehuda; dheweke kalebu wong Lewi lan manggon ana ing kono dadi wong neneka.

8. Wong mau banjur budhal saka ing kutha Betlehem-Yehuda, arep neneka ana ing ngendi bae janji oleh panggonan; anggone lelaku tumeka ing pagunungan Efraim, ing omahe Mikha.

9. Tumuli diaruh-aruhi dening Mikah mau: “Panjenengan saking pundi?” Wangsulane: “Kula punika tiyang Lewi saking Betlehem-Yehuda, kula kekesahan badhe neneka wonten ing pundi kemawon uger angsal panggenan.”

Para Hakim 17