Para Hakim 16:16-19 Kitab Sutji (JAV)

16. Wasana bareng sadina-dina dipetel-petelake lan digubel dening Dhelila, temah ora bisa ngampah panggalihe maneh, lan rumaos kaya pecat-pecata nyawane.

17. Sang Simson satemah banjur nglairake isining panggalihe kabeh marang Dhelila, mangkene pangandikane: “Sirahku durung tau kagepok ing lading panyukuran, amarga aku iki wiwit ana ing guwa-garbaning ibuku dadi nazir sengkerane Gusti Allah; mulane manawa aku kacukur mesthi koncatan karosanku temah dadi apes, lumrah padha kaya wong liya-liyane.”

18. Bareng Dhelila ngreti, yen Sang Simson wus nglairake isining panggalihe kabeh marang dheweke, banjur kongkonan ngaturi para panggedhening wong Filisti, kanthi matur mangkene: “Sapisan punika sumangga panjenengan sami kula aturi rawuh, amargi Simson sampun nglairaken isining manahipun sadaya dhateng kula.” Para panggedhening wong Filisti tumuli ngrawuhi Dhelila klawan ngasta dhuwite.

19. Dhelila banjur ngarih-arih Simson sare ana ing pangkone sarta nuli nekakake wong kang dikon marasi remane klabangan pitu pisan, temah Sang Simson banjur wiwit kena kawasesa dening wong wadon mau, amarga wus koncatan ing karosane.

Para Hakim 16