14. Remane Sang Simson nuli diubetake karo panteke, banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson banjur wungu saka anggone sare sarta nyendhal panteke dalah lungsening tenunane.
15. Ature Dhelila marang Sang Simson: “Kadospundi ta dene panjenengan kok ngandika: Aku tresna marang kowe, nanging nyatanipun panjenengan boten rumaket dhateng kula? Sapunika sampun kaping tiga kula panjenengan damel gegujengan, boten panjenengan blakani punapa ingkang murugaken karosan panjenengan ngedab-edabi punika.”
16. Wasana bareng sadina-dina dipetel-petelake lan digubel dening Dhelila, temah ora bisa ngampah panggalihe maneh, lan rumaos kaya pecat-pecata nyawane.
17. Sang Simson satemah banjur nglairake isining panggalihe kabeh marang Dhelila, mangkene pangandikane: “Sirahku durung tau kagepok ing lading panyukuran, amarga aku iki wiwit ana ing guwa-garbaning ibuku dadi nazir sengkerane Gusti Allah; mulane manawa aku kacukur mesthi koncatan karosanku temah dadi apes, lumrah padha kaya wong liya-liyane.”