Para Hakim 16:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Dhelila tumuli matur marang Sang Simson: “Ngantos dumugi sapunika panjenengan punika damel gegujengan dhateng kula, panjenengan apusi kemawon. Bok inggih kula panjenengan blakani ta ingkang kenging kangge mbesta panjenengan punika punapa?” Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa klabangane rambutku pitu iku padha kokubetake oleh lungsening tenunan lan koksantosani nganggo pantek, mesthi aku dadi apes lan lumrah kaya wong liya-liyane.”

14. Remane Sang Simson nuli diubetake karo panteke, banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson banjur wungu saka anggone sare sarta nyendhal panteke dalah lungsening tenunane.

15. Ature Dhelila marang Sang Simson: “Kadospundi ta dene panjenengan kok ngandika: Aku tresna marang kowe, nanging nyatanipun panjenengan boten rumaket dhateng kula? Sapunika sampun kaping tiga kula panjenengan damel gegujengan, boten panjenengan blakani punapa ingkang murugaken karosan panjenengan ngedab-edabi punika.”

16. Wasana bareng sadina-dina dipetel-petelake lan digubel dening Dhelila, temah ora bisa ngampah panggalihe maneh, lan rumaos kaya pecat-pecata nyawane.

17. Sang Simson satemah banjur nglairake isining panggalihe kabeh marang Dhelila, mangkene pangandikane: “Sirahku durung tau kagepok ing lading panyukuran, amarga aku iki wiwit ana ing guwa-garbaning ibuku dadi nazir sengkerane Gusti Allah; mulane manawa aku kacukur mesthi koncatan karosanku temah dadi apes, lumrah padha kaya wong liya-liyane.”

18. Bareng Dhelila ngreti, yen Sang Simson wus nglairake isining panggalihe kabeh marang dheweke, banjur kongkonan ngaturi para panggedhening wong Filisti, kanthi matur mangkene: “Sapisan punika sumangga panjenengan sami kula aturi rawuh, amargi Simson sampun nglairaken isining manahipun sadaya dhateng kula.” Para panggedhening wong Filisti tumuli ngrawuhi Dhelila klawan ngasta dhuwite.

19. Dhelila banjur ngarih-arih Simson sare ana ing pangkone sarta nuli nekakake wong kang dikon marasi remane klabangan pitu pisan, temah Sang Simson banjur wiwit kena kawasesa dening wong wadon mau, amarga wus koncatan ing karosane.

20. Dhelila tumuli nguwuh-uwuh: “Kangmas Simson, tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan!” Sang Simson wungu saka anggone sare banjur ngandika: “Aku iki bakal bisa uwal maneh kaya sing uwis-uwis lan bakal mbedhal.” Nanging ora rumaos, yen wus katilar dening Sang Yehuwah.

21. Tumuli dicekel dening wong Filisti, tingale karo pisan dicuplaki, banjur didhabyang menyang ing Gaza, kabesta nganggo rante tembaga sarta kabubuhan pagawean nggiling ana ing pakunjaran.

Para Hakim 16