Para Hakim 16:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuju ing sawijining dina Sang Simson tindak menyang ing Gaza; nalika ana ing kono mirsani sawenehing wong wadon tuna-susila, nuli dipurugi.

2. Bareng wong ing Gaza kono padha dikandhani: “Simson ana ing kene,” tumuli padha ngepung lan nyegati ana ing gapuraning kutha sawengi muput, nanging ora tumindak apa-apa, marga gagasane: “Mengko yen wus wayah bangun esuk, dheweke bakal dakpateni.”

3. Nanging Sang Simson sare ana ing kono nganti tengah wengi. Bareng wayah tengah wengi banjur wungu, lawang gapura lan cagake kutha dicandhak lan dibedhol saslarake, banjur dipanggul lan dibekta munggah ing pucake gunung kang ana ing ngarepe Hebron.

4. Sawuse mangkono Sang Simson kasmaran karo sawijining wong wadon ana ing lebak Sorek, jenenge Dhelila.

5. Para panggedhening wong Filisti tumuli manggihi Dhelila lan ngandika mangkene: “Coba glembuken nganti bisa koksumurupi apa kang marakake karosane linuwih iku lan kapriye anggonku bisa ngesorake lan mbanda dheweke, supaya kenaa daktelukake. Aku iki siji-sijine bakal ngwenehi opah kowe sewu satus dhuwit selaka.”

6. Dhelila banjur matur marang Sang Simson: “Bok inggih kula panjenengan blakani ta punapa ingkang murugaken karosan panjenengan ngedab-edabi punika, saha punapa ingkang kadamel mbesta panjenengan temahan ngantos kenging katelukaken?”

7. Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa aku kabanda karo tali gandhewa pitung iji, kang isih anyar tur durung garing, mesthi aku dadi apes lumrah padha kaya wong liya-liyane.”

8. Para panggedhene wong Filisti tumuli ngasta tali gendhewa kang isih anyar tur durung garing lan Sang Simson banjur dibesta dening Dhelila klawan tali mau,

9. lan ing kamar kono ana wong kang samekta. Wong wadon mau banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson medhot taline kaya lawe rami kang pedhot, awit kobong kena geni, temah nganti ora kaweruhan dununging karosane.

10. Dhelila banjur matur marang Sang Simson: “Kula punika panjenengan damel gegujengan saestu, kula panjenengan apusi. Lah sapunika kula panjenengan blakani ta punapa ingkang kenging kangge mbesta panjenengan?”

11. Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa aku dibanda kalawan dhadhung anyar kang durung tau kanggo apa bae, aku mesthi dadi apes, lan lumrah kaya wong liya-liyane.”

12. Dhelila tumuli njupuk dhadhung anyar digawe mbesta Sang Simson lan banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” -- ing kamar ana wong kang samekta -- nanging dhadhunge padha dipedhot kaya lawe bae kang udhar saka ing astane.

13. Dhelila tumuli matur marang Sang Simson: “Ngantos dumugi sapunika panjenengan punika damel gegujengan dhateng kula, panjenengan apusi kemawon. Bok inggih kula panjenengan blakani ta ingkang kenging kangge mbesta panjenengan punika punapa?” Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa klabangane rambutku pitu iku padha kokubetake oleh lungsening tenunan lan koksantosani nganggo pantek, mesthi aku dadi apes lan lumrah kaya wong liya-liyane.”

14. Remane Sang Simson nuli diubetake karo panteke, banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson banjur wungu saka anggone sare sarta nyendhal panteke dalah lungsening tenunane.

15. Ature Dhelila marang Sang Simson: “Kadospundi ta dene panjenengan kok ngandika: Aku tresna marang kowe, nanging nyatanipun panjenengan boten rumaket dhateng kula? Sapunika sampun kaping tiga kula panjenengan damel gegujengan, boten panjenengan blakani punapa ingkang murugaken karosan panjenengan ngedab-edabi punika.”

16. Wasana bareng sadina-dina dipetel-petelake lan digubel dening Dhelila, temah ora bisa ngampah panggalihe maneh, lan rumaos kaya pecat-pecata nyawane.

Para Hakim 16