1. Nuju ing sawijining dina Sang Simson tindak menyang ing Gaza; nalika ana ing kono mirsani sawenehing wong wadon tuna-susila, nuli dipurugi.
2. Bareng wong ing Gaza kono padha dikandhani: “Simson ana ing kene,” tumuli padha ngepung lan nyegati ana ing gapuraning kutha sawengi muput, nanging ora tumindak apa-apa, marga gagasane: “Mengko yen wus wayah bangun esuk, dheweke bakal dakpateni.”
3. Nanging Sang Simson sare ana ing kono nganti tengah wengi. Bareng wayah tengah wengi banjur wungu, lawang gapura lan cagake kutha dicandhak lan dibedhol saslarake, banjur dipanggul lan dibekta munggah ing pucake gunung kang ana ing ngarepe Hebron.
4. Sawuse mangkono Sang Simson kasmaran karo sawijining wong wadon ana ing lebak Sorek, jenenge Dhelila.
5. Para panggedhening wong Filisti tumuli manggihi Dhelila lan ngandika mangkene: “Coba glembuken nganti bisa koksumurupi apa kang marakake karosane linuwih iku lan kapriye anggonku bisa ngesorake lan mbanda dheweke, supaya kenaa daktelukake. Aku iki siji-sijine bakal ngwenehi opah kowe sewu satus dhuwit selaka.”
6. Dhelila banjur matur marang Sang Simson: “Bok inggih kula panjenengan blakani ta punapa ingkang murugaken karosan panjenengan ngedab-edabi punika, saha punapa ingkang kadamel mbesta panjenengan temahan ngantos kenging katelukaken?”
7. Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa aku kabanda karo tali gandhewa pitung iji, kang isih anyar tur durung garing, mesthi aku dadi apes lumrah padha kaya wong liya-liyane.”
8. Para panggedhene wong Filisti tumuli ngasta tali gendhewa kang isih anyar tur durung garing lan Sang Simson banjur dibesta dening Dhelila klawan tali mau,
9. lan ing kamar kono ana wong kang samekta. Wong wadon mau banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson medhot taline kaya lawe rami kang pedhot, awit kobong kena geni, temah nganti ora kaweruhan dununging karosane.
10. Dhelila banjur matur marang Sang Simson: “Kula punika panjenengan damel gegujengan saestu, kula panjenengan apusi. Lah sapunika kula panjenengan blakani ta punapa ingkang kenging kangge mbesta panjenengan?”