Para Hakim 15:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse sawatara dina nalika mangsane panen gandum, Sang Simson nuweni garwane klawan ngasta oleh-oleh cempe, pangandikane: “Kula badhe manggihi semah kula wonten ing kamaripun.” Nanging ramane garwane ora nglilani lumebet.

2. Pangandikane ramane mau: “Aku ngira, yen saliramu mesthi sengit banget marang dheweke, mulane dakwenehake marang kancamu. Adhine rak luwih ayu katimbang karo dheweke, mbok iku bae pundhuten dadi lirune.”

3. Sang Simson banjur ngandika marang wong ing kono: “Sapisan iki aku ora bisa diluputake dening wong Filisti, yen aku nandukake piala marang wong-wong iku.”

4. Sang Simson tumuli tindak nyepeng asu wawar telung atus, buntute banjur padha diganthetake loro-loro lan saben buntut loro dietrapi obor ana ing tengahe.

5. Obore tumuli padha disuledi sarta asune wawar banjur padha digetak menyang pagandumane wong Filisti kang durung dieneni, dalasan pakebonane jaitun.

6. Wong Filisti banjur padha ngucap: “Sapa ta kang nindakake iku?” Tumuli ana kang sumaur: “Iku Simson, mantune wong Timna, amarga bojone direbut diwenehake marang kancane.” Wong Filisti tumuli padha teka sarta wong wadon mau diobong dalasan bapakne.

7. Ing kono pangandikane Sang Simson marang wong mau: “Yen kowe padha duwe pokal kaya mangkono, lah aku iki bakal ora leren-leren sadurunge malesake awakku sakayange marang kowe.”

8. Wong mau balung-balunge tumuli padha digepuki sakayange. Panjenengane tumuli tindak sarta manggen ana ing guwa parang ing gunung Etam.

9. Bangsa Filisti banjur padha nglurug sarta makuwon ana ing tanah Yehuda lan sumebar tekan ing Lekhi.

10. Wong Yehuda padha ngucap: “Yagene kowe padha nglurugi aku?” Wangsulane wong Filisti: “Aku padha nglurug arep mbanda Simson lan bakal nindakake padha kaya kang ditandukake marang aku kabeh.”

Para Hakim 15