1. Wong Israel padha ndlarung anggone nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, mulane banjur diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane wong Filisti lawase patang puluh taun.
2. Ing nalika iku ana sawijining wong saka ing Zora, panunggalane gotrahe bani Dhan, jenenge Manoakh, somahe gabug, ora duwe anak.
3. Lan Malaekate Sang Yehuwah nuli ngetingali marang wong wadon mau sarta iku dipangandikani mangkene: “Lah sira iku pancen gabug, ora duwe anak, nanging sira bakal ngandhut sarta duwe anak lanang.
4. Lah saiki, badanmu jaganen, aja ngombe anggur utawa omben-omben kang mendemi lan aja mangan apa-apa kang karam.
5. Amarga kowe bakal ngandhut lan duwe anak lanang; iku sirahe ora kena kagepok ing lading panyukuran, awit bocah iku wiwit ana ing guwa-garbane ibune bakal dadi nazir sengkerane Gusti Allah, sarta bakal miwiti ngluwari Israel saka ing tangane wong Filisti.”