7. Pangandikane Sang Prabu Adhoni-Bezek: “Suwaunipun wonten ratu pitung dasa sami ndlosor wonten ing sangandhaping meja kula, ngukupi sisaning tedha, sadaya sami kaprotholan jempolaning tangan lan sukunipun; kadosdene ingkang sampun kula tindakaken, inggih makaten pamalesipun Gusti Allah dhateng kula.” Prabu Adhoni-Bezek mau tumuli digawa menyang ing Yerusalem lan seda ana ing kono.
8. Sawuse iku bani Yehuda banjur perang nglawan Yerusalem, nganti bedhah, kutha iku banjur ditumpes klawan landheping pedhang lan dilebur klawan geni.
9. Sawuse mangkono bani Yehuda banjur nglurug perang nglawan wong Kanaan, kang manggon ana ing pegunungan, ing Tanah Negeb lan ing Dhaerah Pagunungan.
10. Yehuda tumuli nglurugi wong Kanaan kang manggon ana ing Hebron -- jenenge Hebron biyen Kiryat-Arba -- sarta ngesorake Sesai, Ahiman lan Talmai.
11. Saka ing kono banjur nempuh pendhudhuk ing kutha Dhebir, Dhebir iku maune aran Kiryat-Sefer.
12. Ana pangandikane Rama Kaleb mangkene: “Sing sapa bisa ngalahake Kiryat-Sefer, nganti bisa bedhah, bakal daktrimani anakku wadon Akhsa dadi bojone.”