Pangentasan 9:7-20 Kitab Sutji (JAV)

7. Sang Prabu Pringon utusan mrana, lan nyata kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia. Ewasamono Sang Prabu Pringon tetep wangkot lan ora karsa nglilani lungane bangsa mau.

8. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Sira padha njupuka angus ing pawon paleburan sagegem kebak, lan Musa banjur nyawurna angus mau ing awang-awang ana ing ngarepe Pringon.

9. Angus iku bakal malih dadi bledug lembut nyrambahi satanah Mesir kabeh, iku bakal njalari anane memala wudun kang mecah dadi koreng, ngenani manungsa lan kewan ing sawratane tanah Mesir.”

10. Nabi Musa lan Rama Harun banjur mundhut angus saka ing pawon paleburan, tumuli jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, anguse tumuli disawurake ing awang-awang dening Nabi Musa, temah ana memala wudun kang mecah ngoreng thukul ing badane manungsa lan kewan.

11. Para juru sihir nganti ora betah ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, marga saka memalane; awit para juru sihir iya padha ketaman wudun kayadene wong Mesir kabeh.

12. Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

13. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sesuk sira tangia kang esuk, sebaa marang ngarsange Pringon sarta matura: Pangeran Yehuwah Allahipun tiyang Ibrani ngandika makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga supaya saos pangabekti marang Ingsun.

14. Sabab sapisan iki, Ingsun bakal ngesokake sakehe wewelakingSun marang sira dhewe, marang para abdinira lan marang para kawulanira supaya sira sumurupa yen ing salumahing bumi ora ana kang madhani Ingsun.

15. Satemene saupama Ingsun karsa ngagagake astaningSun sarta nggebag marang sira lan para kawulanira kalawan pageblug, mesthi sira wus katumpes sirna saka bumi.

16. Nanging mulane sira isih Sunlestarekake urip, iku marga Ingsun karsa ngatingalake kakiyataningSun marang sira lan supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi.

17. Saprene sira tansah ngalang-alangi umatingSun, ora sira lilani lunga.

18. Lah sesuk watara wayah mangkene Ingsun bakal ndhatengake udan es kang deres banget, kang durung tau kelakon wiwit madege Mesir nganti saprene.

19. Kang iku kewan-kewanira lan sabarang darbekira kang ana ing ara-ara, padha sira gawanana menyang panggonan kang njalari slamete; sakehe manungsa lan kewan, kang ana ing ara-ara kang ora nglumpuk ana ngomah, bakal katiban udan es iku, satemah bakal padha mati.”

20. Para abdine Sang Prabu Pringon kang rumangsa wedi marang pangandikaning Sang Yehuwah, iku nuli padha akon batur-bature lan kewane mlebu ngomah.

Pangentasan 9