Pangentasan 9:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon sarta sira matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Ibrani makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun.

2. Margi saupami panjenengan dalem boten karsa nglilani kesahipun, sarta taksih panjenengan dalem kekahi kemawon,

3. lah astanipun Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken pageblug ingkang ageng sanget dhateng kagungan dalem kewan ingkang wonten ing pangenan, kapal, kuldi, unta, lembu saha menda.

Pangentasan 9