30. Sawuse mangkono Nabi Musa mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, banjur nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah.
31. Sang Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, temah laler cathak mau sirna saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan saka ing ngarepe para abdi tuwin para kawulane, siji bae ora ana kang kari.
32. Ewadene Sang Prabu Pringon iya meksa mangkotake panggalihe, ora nglilani lunga bangsa mau.