13. Pangeran Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, kodhok-kodhok padha mati sirna saka ing omah-omah saka ing plataran lan saka ing pategalan.
14. Bathange banjur dikumpulake nganti ngundhung-ngundhung, satemah satanah kabeh ngganda bacin.
15. Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.
16. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun: Tekenmu acungna lan sabetna ing lebuning bumi, ing kono lebune bumi iki bakal dadi lemud ana ing sawratane tanah Mesir kabeh.”
17. Banjur padha nindakake mangkono, Rama Harun ngacungake astane karo tekene, lan nyabet lebuning bumi, tumuli lemud-lemud padha ngroyok marang manungsa lan kewan. Sakehe lebuning bumi tanah Mesir padha dadi lemud.
18. Para ahli iya padha tumindak mangkono srana japa-mantrane sumedya metokake lemud, nanging padha ora bisa. Kaya mangkono lemud-lemud mau padha ngroyok manungsa lan sato-kewan.
19. Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.
20. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira tangia kang esuk, banjur mapaga Pringon samangsa kaya adat sabene metu menyang ing bengawan, sarta matura, pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun,
21. dene manawa umatingSun ora sira lilani lunga, Ingsun bakal nekakake laler cathak padha ngebyuki sira, para abdinira, kawulanira sarta omah-omahira, nganti omahe wong Mesir kebak laler cathak, tekan lemahe kang dienciki.
22. Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.
23. Ingsun bakal mbedakake ing antarane umatingSun lan bangsanira. Sesuk bakal kelakon pratandha iku!”
24. Pangeran Yehuwah banjur nindakake mangkono mau: ana laler cathak akeh banget kang padha ngebyuk ing kedhatone Sang Prabu Pringon lan ing omahe para abdine apadene ing sawratane tanah Mesir; tanahe nganti rusak dening laler cathak iku.
25. Sang Prabu Pringon tumuli nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, pangandikane: “Padha lungaa, saosa kurban marang Allahmu ana ing tanah kene!”
26. Ature Nabi Musa: “Kawula boten saged tumindak makaten, awit kurban ingkang badhe kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula punika, nistha tumrap tiyang Mesir. Saupami kawula sami nyaosaken kurban ingkang nistha tumrap tiyang Mesir wonten ngajenganipun, punapa kawula boten lajeng dipun benturi sela?
27. Kawula kedah kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, perlu nyaosaken kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, kados anggenipun ndhawuhi kawula.”
28. Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Prayoga, ingsun bakal nglilani sira lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah Allahira, ana ing pasamunan; mung aja nganti kadohen lakunira. Ingsun dongakna!”
29. Ature Nabi Musa: “Saundur kawula saking ngarsa dalem kawula badhe nyenyuwun dhateng Pangeran Yehuwah, satemah laler cathak punika benjing-enjing sami sirna saking ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha saking ngajenganipun para abdi lan para kawula sadaya. Nanging Sang Prabu Pringon sampun ngantos cidra malih, satemah boten nglilani bangsa punika kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.”
30. Sawuse mangkono Nabi Musa mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, banjur nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah.