11. Kodhok-kodhok badhe sirna saking ngarsa dalem, saking salebeting griya-griya, saking para abdi saha saking para kawula dalem, namung badhe manggen wonten ing benawi Nil kemawon.”
12. Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta Nabi Musa banjur nyebut marang asmaning Sang Yehuwah gegayutan karo kodhok-kodhok kang wus ditekakake ngebyuki Sang Prabu Pringon mau.
13. Pangeran Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, kodhok-kodhok padha mati sirna saka ing omah-omah saka ing plataran lan saka ing pategalan.