1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun,
2. dene manawa sira tetep ora nglilani lungane, lah satlatahe tanahira bakal Sundhawahi wewelak kodhok.
3. Ing bengawan Nil bakal ana uyel-uyelaning kodhok, banjur padha mentas lumebu ing kadhatonira, tekan ing kamar turu lan paturonira, mangkono uga ing omahe para abdi lan kawulanira, dalah ing jero pawonira lan ing wadhah jladrenira.
4. Kodhok-kodhok iku bakal ngroyok sira lan para kawula lan abdinira.”
5. Sarta dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa maneh: “Sira ndhawuhana Harun: Tanganmu karo tekenmu acungna marang bengawan, kalen-kalen lan blumbang, supaya kodhok-kodhok padha metu mratani tanah Mesir.”
6. Rama Harun banjur ngacungake astane marang sakehe banyu ing tanah Mesir, tumuli kodhok-kodhok padha metu nyrambahi tanah Mesir.
7. Nanging para juru sihir iya bisa nindakake prakara iku srana japa-mantrane, uga metokake kodhok-kodhok mratani tanah Mesir.
8. Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”