11. Nanging unjuke Nabi Musa ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Lah tiyang Israel piyambak boten purun mirengaken dhateng kawula, Sang Prabu Pringon malih yen karsaa miyarsakaken, kawula punika tiyang ingkang kaken ilat kawula.”
12. Ing kono Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang Nabi Musa lan Rama Harun, supaya nemoni wong Israel lan sowan Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir, murih wong Israel iku padha diirid metu saka ing Mesir.
13. Iki pratelane para lajering kula-wargane. Anak-anake Ruben, pambajenge Rama Israel: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi; iya iku gotrah-gotrahe Ruben.
14. Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin. Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, anake wadon bangsa Kanaan, iku gotrah-gotrahe Simeon.
15. Anak-anake Lewi, miturut urut-urutane laire: Gerson, Kehat lan Merari. Lewi umure satus telung puluh pitu taun.
16. Anak-anake Gerson: Libni lan Simei, miturut gotrahe.
17. Anak-anake Kehat: Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel. Umure Kehat satus telung puluh telu taun.
18. Anak-anake Merari: Makhli lan Musi. Iya iku gotrah-gotrahe Lewi miturut urut-urutane.
19. Amram omah-omah karo Yokhebed, adhine bapakne, iku mbabar Rama Harun lan Nabi Musa. Umure Amram nyandhak satus telung puluh pitu taun.
20. Anak-anake Yizhar: Korakh, Nefeg lan Zikhri.
21. Anak-anake Uziel: Misael, Elsafan lan Sitri.
22. Rama Harun nggarwa Eliseba, anake Aminadab, sadulure Nahason, iku nglairake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.
23. Anak-anake Korakh: Asir, Elkana lan Abiasaf, iku gotrahe wong Korakh.
24. Eleazar putrane Rama Harun, njupuk somah salah sawijine anake Putiel, kang banjur nglairake: Pinehas. Iya iku para lajering kula-wargane wong Lewi miturut gotrahe.
25. Iya Rama Harun lan Nabi Musa iku kang padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah: “Wong Israel iku padha iriden metu saka ing tanah Mesir miturut golongane.”