23. sarta ditumpangi roti sesaosan katata ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
24. Padamarane iya tumuli diprenahake ana ing jero Tarub Pasewakan adhep-adhepan karo meja mau, ana ing Tarub Suci sisih kidul,
25. karodene damare padha dipasang ing padamaran kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
26. Misbyah mas dipapanake ana ing jero Tarub Pasewakan ing sangarepe geber.
27. Ing misbyah iku tumuli diobongi dupa wangi kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
28. Sawuse mangkono lawangane Tarub Suci banjur kaparingan geber.
29. Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
30. Wadhahe banyu banjur kadokok ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah, sarta banjur diiseni banyu kanggo sesuci.
31. Nabi Musa, Rama Harun lan para putrane padha wijik asta lan sampeyan klawan banyu iku.
32. Saben-saben arep lumebet ing Tarub Pasewakan lan samangsa nyelaki misbyah, padha wijik asta lan sampeyan kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
33. Cagak-cagake plataran nuli kaadegake ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, sarta gapura plataran iku banjur kapasangan klambu. Mangkono Nabi Musa anggone ngrampungake pagawean iku.