Pangentasan 40:20-38 Kitab Sutji (JAV)

20. Papan angger-anggering Allah banjur dipundhut lan kaselehake ana ing jero pethi, pethine banjur dietrapi pikulan lan ditumpangi tutup pangruwatan.

21. Pethine tumuli diusung menyang ing Tarub Suci, sarta klambune panutup dipasang kagawe ngaling-alingi pethine angger-angger, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Mejane banjur kadokok ana ing jero Tarub Pasewakan, kaprenahake ing jero Tarub Suci sisih lor ing sajabane klambu,

23. sarta ditumpangi roti sesaosan katata ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

24. Padamarane iya tumuli diprenahake ana ing jero Tarub Pasewakan adhep-adhepan karo meja mau, ana ing Tarub Suci sisih kidul,

25. karodene damare padha dipasang ing padamaran kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

26. Misbyah mas dipapanake ana ing jero Tarub Pasewakan ing sangarepe geber.

27. Ing misbyah iku tumuli diobongi dupa wangi kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

28. Sawuse mangkono lawangane Tarub Suci banjur kaparingan geber.

29. Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

30. Wadhahe banyu banjur kadokok ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah, sarta banjur diiseni banyu kanggo sesuci.

31. Nabi Musa, Rama Harun lan para putrane padha wijik asta lan sampeyan klawan banyu iku.

32. Saben-saben arep lumebet ing Tarub Pasewakan lan samangsa nyelaki misbyah, padha wijik asta lan sampeyan kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

33. Cagak-cagake plataran nuli kaadegake ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, sarta gapura plataran iku banjur kapasangan klambu. Mangkono Nabi Musa anggone ngrampungake pagawean iku.

34. Sawuse mangkono megane nglimputi Tarub Pasewakan, sarta Tarub Suci banjur kinebekan ing kamulyaning Yehuwah,

35. temah Nabi Musa ora bisa lumebu ing Tarub Pasewakan, marga iku kalimputan ing mega, lan kamulyaning Yehuwah ngebeki Tarub Suci.

36. Anadene samangsa mega mau mumbul saka ing Tarub Suci, wong Israel banjur budhal saka ing palerebane,

37. nanging manawa mega iku ora mumbul, iya padha ora budhal nganti samumbule megane.

38. Awitdene meganing Sang Yehuwah iku ing wayah awan ana ing sadhuwure Tarub Suci, dene ing wayah bengi ana genine, katon marang wong Israel kabeh ana ing saben panggonan kang dilerebi.

Pangentasan 40