1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa, mangkene:
2. “Ing sasi kapisan tanggal sapisan sira ngadegna Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan.
3. Pethine angger-angger banjur sira prenahna ana ing kono, sarta sira aling-alingana geber.
4. Sawuse mangkono mejane sira lebokna lan sira tatanana pirantine miturut prenahe. Padamarane sira lebokna sarta damar-damare sira pasangana.
5. Misbyahe padupan mas sira prenahna ana ing ngarepe pethi angger-angger, nuli sira pasangana wrananing Tarub Suci.