18. Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro marasepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”
19. Anadene Pangeran Yehuwah iya wus ngandika marang Sang Musa ana ing tanah Midian: “Sira balia menyang Mesir, awitdene sakehe wong kang nedya mateni sira iku wus padha mati.”
20. Sang Musa banjur ngajak garwane lan putra-putrane, padha katunggangake ing kuldi wangsul menyang ing tanah Mesir; lan tekene Gusti Allah iku diasta.
21. Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.
22. Sira kudu matur marang Pringon: Dhawuhipun Pangeran Yehuwah makaten: Israel iku putraningSun, iya putraningSun pambajeng;
23. kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”
24. Kacarita bareng ana ing dalan ana ing panginepan, Sang Musa tumuli dipanggihi dening Pangeran Yehuwah bakal disedani.