Pangentasan 39:20-26 Kitab Sutji (JAV)

20. Karodene iya padha gawe gelangan mas loro dietrapake ing tutup pundhake kotang efod loro-lorone, ana ing ngisor sisih ngarep, mepet sambungane ing sadhuwure sabuk kotang efod.

21. Tutup dhadha mau gelangane nuli padha ditaleni oleh gelangane kotang efod sarana tali wungu tuwa, dadi tetep ana ing sadhuwuring sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora bisa pisah karo kotange efod, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Jubahe efod iku yasane tukang tenun, kang kagawe bakal wungu tuwa kabeh.

23. Gulone jubah iku ing tengahe memper gulon klambi wesi, gulon iku kaplipit mubeng, supaya aja nganti suwek.

24. Jubah mau pinggire ngisor dipasangi rerekan delima kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga kang benange kaantih.

25. Sarta maneh padha gawe klinthingan mas murni; klinthingan mau dipasang selang-seling karo delimane ana ing pinggire jubah kang ngisor mubeng,

26. dadi saben klinthingan siji, delimane siji selang-seling ing pinggire jubah mubeng, kanggone samangsa nindakake pangibadah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

Pangentasan 39