Pangentasan 38:11-23 Kitab Sutji (JAV)

11. Ing sisih lor iya satus asta; cagake geber rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, canthelane cagak lan sunduke salaka.

12. Ing sisih kulon: dawane geber seket asta, cagake sapuluh, ompake sapuluh, canthelane lan sunduke salaka.

13. Lan ing sisih wetan seket asta,

14. yaiku geber kang ana ing sisihe gapura dawane limalas asta, cagake telu ompake telu;

15. lan ing sisih sijine gapura iku dadi sisih-sisihan ana ing gapuraning plataran -- ana gebere limalas asta, cagake telu ompake telu.

16. Sakehe geber ing saubenge plataran iku padha lena alus tenunan kang benange kaantih.

17. Ompake cagak-cagak iku tembaga, nanging canthelane lan sunduke selaka, ing dhuwure iya kablongsong ing salaka. Sakehe cagak plataran iku padha kasambung kalawan sunduk salaka.

18. Geber gapura plataran iku tenunan alus manca-warna, kang kagawe bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan bahane lena alus kang benange kaantih: dawane rong puluh asta, nanging dhuwure lan ambane nglimang asta, padha karo klambuning plataran.

19. Cagak papat lan ompake papat iku padha tembaga, nanging canthelane salaka, ing dhuwure cagak uga padha kablongsong salaka, mangkono uga sunduke iya salaka.

20. Anadene sakehe pathok kang kanggo ing Tarub Suci lan plataran iku padha tembaga.

21. Iki pratelan bab wragad kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Suci kang isi angger-anggere Gusti Allah digawe awit saka prentahe Nabi Musa, dening para bani Lewi kapimpim Itamar, putrane Rama Harun.

22. Bezaleel bin Uri bin Hur saka Taler Yehuda, iku kang nggarap sabarang kang diprentahake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa,

23. kabiyantu dening Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan, wong kang ahli ing gegawean, baud gawe tenunan manca-warna nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus.

Pangentasan 38