Pangentasan 38:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Bezaleel iya gawe misbyah kurban obaran kayu sittah, dawane limang asta, ambane iya limang asta, dadi pesagi, nanging dhuwure telung asta.

2. Nuli kagawekake sungu kang padha dipasang ana ing pojokane papat iras-irasan karo misbyahe, banjur diblongsong tembaga.

3. Karomaneh iya gawe sakehe pirantine misbyah mau, arupa: kuwali, sorok, bokor panyiraman, porok apadene anglo; iku kabeh kang digawe tembaga.

4. Misbyah mau iya digawekake krawangan dhapur jala tembaga, kaetrapake ing sangisore wengkune, wiwit saka ngisor tekan ing saparone dhuwure.

5. Sarta iya gawe gelangan cor-coran papat dipasang ing pojoke papat krawangan tembaga mau, kanggo slobokan pikulan.

6. Pikulan mau kang digawe kayu sittah lan diblongsong tembaga.

7. Pikulane tumuli dislobokake ing gelangan kang kaprenah ing lambunge misbyah, supaya bisa kausung. Misbyah mau kang digawe blabag, ing jerone growong.

Pangentasan 38