7. sarta iya yasa kerub mas loro kang kagawe mas gemblengan, kaprenahake ing pungkasane tutup pangruwatan iku.
8. Kerub kang siji ana ing pungkasaning sisih kenene, lan kerub sijine ana ing pungkasaning sisih kananing tutup, kerub sakarone padha digawe irasan karo tutup pangruwatan mau kaprenah ing poncot karo-karone.
9. Kerub-kerub iku padha mbeber swiwine karo pisan mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, sarta raine arep-arepan lan tumungkul marang tutup pangruwatan.
10. Bezaleel mau iya gawe meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta, dhuwure karotengah asta,
11. diblongsong ing mas murni lan dietrapi plisir mas mubeng.
12. Karodene diwenehi wengku mubeng temu gelang ambane satebah, lan wengku mau iya dietrapi plisir mas mubeng.
13. Sarta digawekake gelangan mas cor-coran patang iji, gelangan iku padha dipasang ing saben pojok, kaprenah ing sikile papat pisan.
14. Gelangane padha mepet ing wengku, gelangan iku minangka slobokane pikulan kang kagawe ngusung meja mau.
15. Pikulane iku kayu sittah kang kablongsong ing mas, kagawe ngusung meja iku.
16. Lan iya gawe piranti kang tumumpang ing meja iku, yaiku pinggan lan piring, tuwung lan kendhi, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh kang kagawe mas murni.
17. Karomaneh iya gawe padamaran mas murni, padamaran iku kang digawe mas gemblengan, iya dhasare iya sikilane, iya adeg-adege lan slagane, kudhupe lan kembange, kabeh padha kagawe irasan.
18. Ana pange nem metu saka ing lambunge, pange padamaran mau telu saka ing sisih kenene, lan telu saka ing sisih kanane lambung.
19. Siji-sijine pang ana rerekane salaga kembang saked telung iji karo rerekan kudhup lan kembang; dadi pange nem kang metu saka padamaran iku iya padha kaya mangkono kabeh.
20. Dene adeg-adege padamaran iku dhewe iya ana slagane kembang saked patang iji karo kudhup lan kembang.
21. Ana kudhup siji kaprenah ing sangisore pang sajodho kang kapisan kang metu saka padamaran iku, ana siji ing sangisore pang sajodho kang kapindho, ana siji ing sangisore pang sajodho kang katelu; kaya mangkono panggawene pang nem kang metu saka ing adeg-adege padamaran.
22. Kudhup-kudhup lan pang-pang mau padha kagawe iras-irasan karo padamarane, kabeh kagawe saka mas murni gemblengan.
23. Padamaran iku digawekake damar clupak pitung iji sasapite lan tadhahe langes, iya mas murni kang kagawe.