Pangentasan 37:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. pikulan iku dislobokake ing gelangan kang ana ing iringane pethi, kagawe ngusung.

6. Nuli iya gawe tutup pangruwatan kang kagawe mas murni, dawane loro satengah asta lan ambane karotengah asta,

7. sarta iya yasa kerub mas loro kang kagawe mas gemblengan, kaprenahake ing pungkasane tutup pangruwatan iku.

8. Kerub kang siji ana ing pungkasaning sisih kenene, lan kerub sijine ana ing pungkasaning sisih kananing tutup, kerub sakarone padha digawe irasan karo tutup pangruwatan mau kaprenah ing poncot karo-karone.

9. Kerub-kerub iku padha mbeber swiwine karo pisan mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, sarta raine arep-arepan lan tumungkul marang tutup pangruwatan.

10. Bezaleel mau iya gawe meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta, dhuwure karotengah asta,

11. diblongsong ing mas murni lan dietrapi plisir mas mubeng.

12. Karodene diwenehi wengku mubeng temu gelang ambane satebah, lan wengku mau iya dietrapi plisir mas mubeng.

13. Sarta digawekake gelangan mas cor-coran patang iji, gelangan iku padha dipasang ing saben pojok, kaprenah ing sikile papat pisan.

Pangentasan 37