5. Pangeran Yehuwah banjur tumendhak ana ing mega, tumuli jumeneng ana ing sacedhake Nabi Musa sarta nyebut asmaning Sang Yehuwah.
6. Ing kono Pangeran Yehuwah banjur tindak langkung ngarepe sarta nguwuh-uwuh: “Yehuwah, Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane,
7. kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.”
8. Nabi Musa enggal-enggal sumungkem konjem ing bumi sarta sujud,
9. unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”
10. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.