10. mangkono uga panganggon dhines, sandhangan suci kanggo Harun sarta sandhangane para anake kang padha dadi imam,
11. lenga jebad lan dupa wangi kanggo ing pasucen; iku kabeh kudu kagawe miturut plek kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.”
12. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa, mangkene:
13. “Sira mratelakna pangandikaningSun marang wong Israel, mangkene: Poma sira padha netepana dina-dina SabatingSun, awit iku minangka pratandha ana ing antarane Ingsun lan sira, nganti turun-tumurun, supaya sira sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake sira kabeh.
14. Kang iku sira padha netepana dina Sabat, awit iku dina suci tumrap sira; sing sapa nyawiyah kasucene dina Sabat, iku kaukuma pati, awitdene sadhengah wong kang nyambut gawe ing dina iku, wong kaya mangkono mau katumpesa saka ing satengahe bangsane.