Pangentasan 30:15-32 Kitab Sutji (JAV)

15. Wong sugih anggone asok aja luwih lan wong miskin aja kurang saka satengah sekel, samangsa sira padha nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah minangka panebuse nyawa iku.

16. Anadene dhuwit panebus kang sira pungut saka wong Israel iku kaanggoa mragadi pangibadah ana ing Tarub Pasewakan; pranatan iku dadia pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, lan kanggo panebuse nyawanira kabeh.”

17. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

18. “Sira gawea wadhah banyu tembaga satadhahane iya tembaga, kanggo sesuci, iku sira prenahna ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah sarta isenana banyu.

19. Harun lan anak-anake padha wisuha tangan lan sikil nganggo banyu kang ana ing padasan mau.

20. Samangsa arep lumebu ing Tarub Pasewakan, kudu wisuh tangan lan sikil, supaya aja nganti nemahi pati. Mangkono uga samangsa arep menyang ing misbyah perlu ngladeni pangibadah sarta ngobong kurban kang kasaosake sarana geni konjuk marang Pangeran Yehuwah,

21. iya padha wisuha tangan lan sikil dhisik, supaya aja nganti nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase, kanggo Harun saanake turun-tumurun.”

22. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:

23. “Sira njupuka bumbu-bumbu pilihan, blendok mur cuwer limang atus sekel, lan manis jangan kang wangi bobote separone iku, dadi rong atus seket sekel, dringo wangi rong atus seket sekel,

24. kayu teja limang atus sekel, ditimbang miturut sekel suci, lan lenga jaitun sa-hin.

25. Iku mau kabeh kagawea lenga jebad kang suci, adon-adon arum kang kagawe kalawan ngati-ati kaya gaweane juru masak lenga, iku dadia lenga jebad kang suci.

26. Lenga iku kagawea njebadi Tarub Pasewakan lan pethine angger-angger,

27. meja sapirantine kabeh, padamaran sapirantine lan misbyah padupan;

28. apamaneh misbyah kurban obaran dalah sapirantine kabeh lan wadhah banyu satadhahane.

29. Iku kabeh kudu sira sucekake, supaya dadia suci pinunjul, sadhengah wong kang nggepok iku bakal dadi suci,

30. Harun lan para anake iya padha sira jebadana sarta sira sucekna supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun.

31. Karodene wong Israel padha sira kandhanana bab dhawuhingSun mangkene: Iki Suntetepake dadi lenga jebad kang suci kagem Ingsun ana ing antaranira turun-tumurun.

32. Aja nganti diesokake ing awake wong lumrah, lan sira aja gawe lenga kang kaya mangkono iku kalawan nganggo adon-adon padha kaya iku; awitdene iku lenga kang suci, iya sira anggepa suci.

Pangentasan 30