4. Bareng Pangeran Yehuwah mirsa yen Sang Musa sumedya murugi nyatitekake, tumuli nguwuh saka ing satengahe grumbul eri, pangandikane: “Musa, Musa!” Unjuke Sang Musa: “Kawula nuwun, kula!”
5. Dhawuhe Gusti Allah: “Sira aja nyedhak mrene, trumpahira copoten saka ing sikilira, awitdene panggonan kang sira idak iku tanah kang suci!”
6. Sarta maneh pangandikane: “Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub!” Sang Musa banjur nutupi pasuryane, marga ajrih nyawang marang Gusti Allah.
7. Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.
8. Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.
9. Samengko pasambate wong Israel iku wus sumengka marang ing ngarsaningSun; sarta Ingsun wus nguningani kerasing panindhese wong Mesir marang umatingSun.
10. Kang iku ing samengko sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.”
11. Ing kono unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Kawula punika sinten ta, dene kadhawuhan sowan dhateng Sang Prabu Pringon sarta mbekta medal tiyang Israel saking tanah Mesir?”
12. Gusti Allah banjur ngandika: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pratandhane, menawa Ingsun kang ngutus sira: Samangsa sira wus nggawa metu bangsa iku saka ing tanah Mesir, sira bakal padha ngabekti marang Gusti Allah ana ing gunung iki.”