1. “Anadene anggonira nucekake Harun lan para anake supaya ngimamana lumados marang Ingsun iku patrape mangkene: Sira njupuka sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang loro kang tanpa cacat,
2. roti tanpa ragi lan roti bunder iya tanpa ragi, diolah nganggo lenga, roti tipis tanpa ragi dioseri lenga, kabeh iku kang kagawe kudu glepung gandum pilihan.
3. Iku kabeh sira wadhahana cething siji, nuli sira saosna sacethinge, mangkono uga sapine lanang sarta wedhuse lanang loro mau.
4. Harun lan anak-anake padha ajokna marang ngarepe lawangan Tarub Pasewakan lan sira wisuhana banyu.
5. Sawuse mangkono sira njupuka sandhangane, sarta Harun sira anggonana kemejan, jubahing klambi efod lan kotang efod apa maneh tutup dhadha; tumuli efod sira singsetana klawan sabuk klambi efod;
6. sirahe sira etrapana serban lan blebekan suci kapasanga ing serban mau.
7. Sawuse mangkono sira njupuka lenga jebad kaesokna ing sirahe, dadi sira jebadana.
8. Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna, sira anggonana kemejan,
9. lan sira anggonana sabuk, iya Harun lan anak-anake, tuwin anggonana iket ing sirahe, kalawan mangkono banjur padha kaparingan kalungguhan imam, iku katetepan kanggo ing salawase. Kaya mangkono anggonira misudha Harun dalah anak-anake.
10. Sapine lanang mau nuli sira ajokna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan, Harun lan anak-anake banjur padha numpangna tangane ing endhase sapi iku,
11. sapine nuli kasembeleha ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawange Tarub Pasewakan.
12. Sira banjur njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, leletna ing sungune misbyah kalawan drijinira, dene getih turahane sira esokna kabeh ing misbyah perangan ngisor.
13. Sakehe gajih kang nutupi jeroan, gombyoking ati, ginjel loro pisan tekan gajihe, iku sira obonga ana ing misbyah.
14. Nanging daginge, lulange lan reregede iku kudu sira obong ana ing sajabane palereban, iku dadi kurban pangruwating dosa.
15. Sawuse mangkono sira njupuka wedhus lanang kang siji, Harun lan anak-anake padha numpangna tangane ing endhase wedhus mau,
16. wedhus mau banjur kasembeleha, getihe sira siramna ing saubenge misbyah.
17. Wedhuse katengkel-tengkela manut perang-perangane, jeroane lan sampile kakumbaha lan kaselehna ing dhuwure tengkelan-tengkelan mau, lan ing sadhuwure endhase.
18. Wedhus lanang iku kabeh banjur kaobonga ana ing misbyah, iku kurban obaran, pisungsung arum kang konjuk marang Pangeran Yehuwah, yaiku kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.
19. Sawuse iku sira nuli njupuka wedhus lanang sijine, endhase ditumpangana tangane Harun dalah anak-anake.
20. Wedhuse banjur kasembeleha, lan getihe salong kaleletna sathithik ing godhohing kupinge Harun kang tengen, uga ing godhohing kupinge anak-anake Harun, ing jempole tangane tengen, lan jempole sikile tengen, dene getih liyane sira siramna ing saubenge misbyah.