1. “Karomaneh sira gawea misbyah kayu sittah, dawane limang asta lan ambane limang asta, dadi misbyah iku pesagi bener, nanging dhuwure telung asta.
2. Sungune sira gawea ana ing pojokane papat; iku ginawea iras-irasan karo misbyahe, misbyah iku kudu sira lapis ing tembaga.
3. Sarta sira uga gawea wadhah-wadhah kanggo mbuwangi awune, apadene sorok lan bokor kanggo nyirami, cukit lan anglone; sakehe piranti iku kudu tembaga kang sira gawe.
4. Lan maneh sira gawekna krawangan tembaga adhapur jala, krawangan iku ing pojoke papat pisan sira wenehana gelangan tembaga patang iji,
5. banjur sira etrapna ing sangisoring wengkune misbyah wiwit saka ngisor nganti krawangan mau dhuwure saparone misbyah.
6. Karomaneh misbyah iku iya sira gawekna pikulan, pikulan kayu sittah kang kalapis ing tembaga.
7. Pikulane kaslobokna ing gelangane, dadi samangsa misbyahe diusung, pikulan iku padha ana ing lambunge misbyah kiwa-tengen.
8. Misbyah iku kang sira gawe blabag ing jero growong, kaya anggonira wus kaparingan pitedah ana ing gunung, mangkono anggonira padha nggarap misbyah iku.”
9. “Sira gawea platarane Tarub Suci; ing sisih kidul plataran iku anaa gebere lena tenunan alus kang benange kaantih, dawane sasisih satus asta.
10. Cagake kabeh kudu rong puluh, ompake tembaga iya rong puluh, canthelane cagak lan sambungane iku salaka.
11. Mangkono uga ing sisih lor, turut ujure iya nganggoa geber dawane padha satus asta, sarta cagake rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, nanging canthelane lan sambungane iku salaka.
12. Ing ambane plataran sisih kulon anaa gebere kang seket asta, kalawan cagake sapuluh lan ompake sapuluh.
13. Dene ambane plataran perangan ngarep kang sisih wetan kudu seket asta,
14. yaiku gebere limalas asta kanggo ing sisihe gapura kang siji karo cagake telu lan ompake telu,