Pangentasan 26:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Sarta maneh sira gawea cantholan mas seket iji, tendha-tendhane padha gandhengana siji lan sijine nganggo canthelan mau, supaya dadia tarub siji.

7. Karodene sira gawea tendha-tendha wulu wedhus kanggo payoning Tarub Suci, sira gawea tendha sewelas.

8. Saben tendha dawane telung puluh asta lan ambane patang asta; tendha sawelas iku ukurane kudu padha.

9. Tendha kang lima iku kasambunga dhewe dadi siji, lan tendha kang nem iya dadi siji dhewe, tendha kang nomer nem sira lempita dadi loro ana ing sisih ngarepe tarub mau.

10. Nuli sira gawea kolongan seket iji kaetrapna ing pinggire tendha ing pungkasane, lan kolongan seket iji maneh ing pinggire tendha sijine.

Pangentasan 26