24. Blabag loro iku kudu kembar, puruse ing sisih ngisor, mangkono uga ing sisih dhuwur, tekan ing gelangan kang kapisan, mangkono kaanane karo pisan, padha minangka pojokane loro.
25. Dadi kabeh kudu ana blabag wolung iji karo ompake salaka, gunggung nembelas; blabag siji ompake loro lan sabanjure saben blabag ompake loro.
26. Sira uga gawea kendhit kayu sittah, limang iji kanggo blabag-blabaging Tarub Suci kang sasisih,
27. lan kendhit limang iji kanggo blabag-blabaging Tarub Suci ing sisihe kang kapindho, apadene kendhit limang iji kanggo perangan buri sisih kulon.