Pangentasan 26:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. “Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.

2. Dawane tendha siji wolu likur asta, ambane patang asta, tendha iku ukurane kabeh kudu padha.

3. Tendha lima disambung-sambung dadi siji, kang lima maneh iya disambung-sambung dadi siji.

4. Lan sira gawea tali-tali kolongan wungu tuwa kaetrapna ing pinggire tendha kang siji, mangkono uga tumrap ing pinggire tendha sijine.

5. Kolongan seket iji sira etrapna ing tendha kang siji lan kolongan kang seket iji maneh etrapna ing pungkasane tendha sijine, adhep-adhepan siji lan sijine.

Pangentasan 26