28. Pikulane iku iya kayu sittah kalapisa mas, iku kang kagawe ngusung mejane.
29. Sira iya gawea pinggan, piring, porong lan tuwung, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh iku kagawea saka mas murni.
30. Mejane iku tansah dokokana roti sesaosan ana ing ngarsaningSun.”
31. “Sira gawea padamaran mas murni; padamaran iku kang digawe kudu mas gemblengan, iya sikilane iya adeg-adege; dalah rerekane slaga, kudhup lan kembange padha kagawea iras-irasan karo padamarane.
32. Pange nem metu saka ing adeg-adege; pange kang telu ing sisih kenene, lan kang telu ing sisih kanane.
33. Siji-sijine pang anaa rerekane slaga kembang saked nelung iji, karo rerekan kudhup lan kembang, dadine pang nem kang metu saka padamaran iku iya gawenen kaya mangkono.
34. Mungguh adeg-adege padamaran iku anaa rerekane slaga kembang saked patang iji dalah rerekane kudhup lan kembang.
35. Rerekan kudhup siji anaa kang kapasang ing ngisore pang sajodho kang kapisan kang metu saka padamarane, siji maneh ing ngisore pang kang kapindho lan siji maneh ing ngisore kang katelu, mangkono mungguh pang nem kang metu saka ing adeg-adege padamaran mau digawea padha.
36. Kudhup lan pange iku kudu metu saka ing padamaran mau lan kabeh mau kang digawe kudu mas murni gemblengan.
37. Padamaran iku iya sira gawekna clupak pitung iji, katumpangna ing ndhuwure, supaya madhangi kang ana ing ngarepe.
38. Sapite lan tadhahane langes iya padha mas murni.