13. Sarta maneh sira gawea pikulan kayu sittah, padha kalapis ing mas.
14. Pikulan iku padha kaslobokna ing gelangan kang ana ing iringane pethi, dianggo nggotong pethine.
15. Pikulan iku tetepa ana ing gelangan pethi, ora kena didudut.
16. Ing jeroning pethi isenana papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira.
17. Apadene sira gawea tutup pangruwatan mas murni, dawane loro satengah asta, ambane karotengah asta.
18. Lan sira gawea pepethan kerub mas loro kang kagawe emas gemblengan, kapasanga ing pungkasane tutup pangruwatan mau.
19. Kerub kang siji ana ing pungkasane sisih kenene, lan kerub sijine ana ing sisih kanane tutup, kerub sakarone iku padha gawenen irasan karo tutup pangruwatan ing kiwa lan ing tengen.
20. Kerub-kerub iku padha ngegarna swiwine mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, raine padha adu arep; raine kerub-kerub iku padha tumungkula marang tutup pangruwatan mau.
21. Tutup pangruwatan iku sira etrapna ing dhuwure pethi, samangsa papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira iku wus sira selehake ing sajroning pethine.
22. Ana ing kono anggoningSun bakal ngrawuhi sira saka ing sadhuwure tutup pangruwatan iku, saka ing antarane kerub loro kang ana ing sadhuwure pethi angger-angger iku, Ingsun bakal paring pangandika marang sira bab kang bakal Sundhawuhake marang sira kang kudu sira terusake marang wong Israel.”
23. “Lan maneh sira gawea meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta lan dhuwure karotengah asta.
24. Meja iku sira lapisana mas murni sarta wenehana plisir mas mubeng.